“Pak dokter kiye ana pasien nangis bae dadi ya tek kon mlebu ndhisit ben ora mbrisiki pasien sing liyane,” petugas jagane ngomong maring dokter Daplun.
“Pak dokter inyong ora kepengin mati pak, tulungi inyong pak,” Kemplu nangis nang ngarepe dokter Daplun.
“Sabar-sabar anu kepriwe sapa sing arep mati sapa?” dokter Daplun takon.
“Inyong pak dokter, inyong kayane arep mati pak dokter tulungi pak,” Kemplu ngomong karo tetep nangis.
“Lah bisane ngerti arep mati emange ko kenangapa?” doktere takon maning.
“Kaya kiye pak dokter, awake inyong pada lara kabeh rasane nod-nodan ora karuan,” Kemplu cerita sing dirasa.
Krungu kaya kuwe Kemplu mbanjur diperiksa nang doktere. “Nek hasil pemriksaaane inyong sih kowe kiye ora lara loh.. waras-waras bae, jan -jan jane anu kepriwe sih sing dirasa,” doktere aweh penjelasan.
“Temenan koh pak, aben awake sing tek mek nang drijine inyong mesti krasa lara banget, deleng kiye pak dokter,” Kemplu ngomong karo ngemek dadane terus ngemek ndhase karo drijine si Kemplu langsung njerit kelaran. Drijine dilanjut nyekel awake sing liyane Kemplu kelaran maning kambi ngomong.
”Deleng pak dokter inyong kayane wis sekarat, inyong arep mati kiye kepriwe pak?” Kemplu takon karo nangis.Weruh kaya kuwe dokter Daplun dadi ngguyu.”Awakmu kiye ora papa tapi drijimu sing tugel, mulane kabeh sing dimek dadi lara, mudeng ora!”